SELAMAT DATANG!! SUGENG RAWUH!! WELCOME!! ALOHA!! HWAN-YEONG!!

Selasa, 23 Mei 2017

Cerkak Bahasa Jawa "Budi sing Ora Berbudi"


Cerkak bahasa jawa
Fiksi                                                                                                                              
Tema : Jujur

Budi sing Ora Berbudi

           
            Dubraak..!!! Budi nendhang kursi nganti kontal. Kelas dadi rame gara-gara Budi. Jebule Budi lan Yuda lagi ribut. Budi kuwi bocah seng gedhe, kulite coklat sawo mateng, rambute koyo suket ra karu-karuan, ning asline bagus. Budi cah lanang sing salah dalan dolan. Gara-gara kuwi Budi dadi bocah sing nakal lan ngeyel. Ing kelase Budi ora disenengi karo kanca-kancane. Yen Yuda bocah lanang sing siji iki nggampang banget kepancing nesu.

            “ Budi.. mesti kowe sing njupuk duitku!” tuduh Yuda.
            
            “ Ngawur udu.. udu aku.” Bales Budi.

            “ Sopo nek udu kowe, mung ana kowe ning kelas mau.”

            “ Nuduh kowe, Da!!”

            “ Fakta kuwi, Di..”

            “ FITNNAAAHH....!!!”

            “Woo.. njaluk gelut ya kowe..” tantang Yuda. “ Ayo wani aku!!” bales Budi. Praakk.. Yuda nggebrak meja.

            “ Maju, ayoo..”

            “Ayo..!!”

            “ Eeee... uwes..uwes... aja gelut ora apik!!” Rima ketua kelas 8C nengahi. “ Ngopo kowe melu-melu.. Minggir kowe!” bengok Yuda. “ Yuda.. aku ketua kelas! Ono masalah apa nganti ribut-ribut arep gelut.” takon Rima.

“Iki Budi njupuk duitku.”

“ Ora, fitnah kuwi.”

“ Haiyo.. ora fitnah, fakta!!”

“ Uwes... kowe ki ribut wae!!”

Rima langsung ngajak rembugan  Budi lan Yuda. Setengah jam rembugan, akhire Budi ngaku nek njupuk duit nggone Yuda.

“ Da.. aku ngaku nek aku sing njupuk duitmu. Aku kepepet mau. Aku ora nggowo duit soale.” Budi akhire ngaku. “ Yowes rapopo.. ojo diulang meneh. Ning saiki endi duitku.” jaluk Yuda.

“ Iki..”

“ Yoo.. nuwun, Bud.”

“ Haaaa... wes tho.. Budi ki kok yo ndadak njupuk duite Yuda, njileh kas kelas kan iso. Bud.. Bud.. jenengmu Budi kok kowe ora berbudi?!”

“ He...He..He..”

            Akhire Budi lan Yuda wes akur meneh. Budi wes dadi bocah sing berbudi, ora salah dalan dolan meneh.





Amanat :
-          Dadi wong mesti jujur
-          Aja njupuk barang sing dudu hak-mu
-          Aja gampang kepancing emosi
-          Mesti iso dadi penengah, nggolek dalan metu
-          Yen dolan nggolek konco sing bener, aja salah dalan dolan

Minggu, 21 Mei 2017


SUGENG AMBAL WARSA SLEMAN 101
SMP N 1 Godean



                     tembang dolanan 8A

Cerkak Bahasa Jawa "Budi sing Ora Berbudi"

Cerkak bahasa jawa Fiksi                                                                                                                ...